Edisi

Minggu, 28 Desember 2025

TANCEP KAYON

Hawa Seloliman sing adhem, limalas taun kepungkur, ujug-ujug nyaleh ing dlamakanku nalika maca berita isu lingkungan ing layar ponsel. Memori bab PPLH kuwi kaya file lawas sing dibukak maneh; filmis, adhem nggayuh balung. Jenengku Kayun, lan Seloliman kuwi biyen dadi tegalan pangimpen.

“Kang Sandi, apa kowe isih kelingan bau pesinge banyu ing kali mburi kantor pangembangan?” aku takon marang Sandi, kanca lawasku ing PPLH, liwat telpon. Aku lungguh ing kursi kayu tuwa, nyawang tegalan ngarep omahku ing dhaerah Wates.

Sandi ngguyu ing sebrang, suarane kaya ana ing njero sumur lawas. “Kelingan, Yun! Lan aku isih kelingan vibe adhem kaya es ing ruang kantor pangembangan. Jare Bi Sar, iku merga ana ‘penunggu’ lawas sing ora seneng diganggu.”

“Nanging aku ora tau diketoni. Mbokmenawa penunggunĂ© wedi karo ambune gorengan Bu War,” wangsulanku karo mesem, melu-melu nggawa swasana lawas.

“Ah, Bu War! Legenda sega pecel lan gorengan tahu-tempe-ote-ote saben awan. Jaman nalika urip isih njlimet lan romantis tenan, Yun.”

Romantis. Tembung kuwi nancep.

Aku nutup telpon. Romansa kuwi lagi wae takrasakake ing warung lele goreng, warung sing biyen dadi mitos kenikmatan. Lele gorengé Bu War sing biyen gurih lan panas, saiki mung krasa anyep, kakehan lenga, lan kemleker ing tenggorokan. Wis, buyar. Katresnan kang wis nempuh adoh, jebule tekan pungkasan.

Sawise mulih, aku mbukak FB. Kabar saka PPLH Seloliman liwat maneh. Ana jeneng anyar: Ecoledge. Takwaca isine. Kabeh nyritakake sukses program studi banding, inisiatif pendanaan anyar, lan KPI. Pangimpen romantis bab perjuangan alam sing biyen dadi roh PPLH sirna kabeh, kaya swara kaset rusak sing takputer kenceng.

Aku ngelingi kedadean limang dina kepungkur. Aku nyoba mbalik ing PPLH, nanging sing nemoni dudu manajer lapangan sing biyen akrab, nanging Mas Roni, pengurus anyar sing luwih seneng nganggo klambi polo tinimbang klambi lapangan.

“Matur nuwun, Mas Kayun. Ide panjenengan bab permakultur lan pemberdayaan bibit lokal punika sae. Nanging visi kanca-kanca Ecoledge punika langkung ageng,” Mas Roni ngomong karo nyawang jam tangane. “Anggaran kita taun menika fokus dhumateng branding, studi kelayakan enggal, lan nyiapaken kunjungan saking Badan Internasional. Program panjenengan punika terlalu lokal dan tidak terukur.”

Aku njupuk napas dawa. “Nanging, Mas Roni. PPLH biyen diwiwiti saka getih, kringet, lan banyu kali sing diresiki dewe. Program PPLH jaman biyen iku fokus bangun manungsa lan alam, dudu mung studi banding!”

Mas Roni nyedhot kopine, mripate adhem. “Mas Kayun, jaman sampun ewah. Ing Seloliman, wis dadi Tancep Kayon, Mas. Kayon dipacak, lakon diputer, nanging critane kudu cocog karo logika pendanaan. Sampeyan taksih kelingan kali, kula kelingan proyek. Kayon saiki kudu dadi protokol.”

Aku ngadeg. Ngunjal ambegan.

“Nggih, Mas Roni. Maturnuwun wektunipun,” aku mesem pait. “Yen ngono, Tancep Kayonku lan Tancep Kayon panjenengan sampun benten polah lan tegesipun. Kula wangsul. Kula badhe nancep Kayon ing omah kula piyambak. Kayon ingkang boten butuh protokol utawi audit saking Badan Internasional.”

Aku metu saka ruang rapat sing steril lan adhem. Ambune gorengan Bu War wis ilang, keganti ambu karpet anyar. PPLH sing biyen dadi omah para pejuang alam, saiki dadi kantor konsultan.

Aku ngetik WA marang Sandi:

> Aku: Siji. Masalahe, saiki kabeh mung studi banding lan golek dana. Ora ana sing tenanan ‘mangun’. Tancep Kayon versi Mas Roni kuwi Kayon sing digadeke.

Sandi nelpon maneh. “Dadi, kowe saiki wis tenanan tancep kayon?”

Aku ngadeg saka kursi. Nyawang pacul sing nyandher ing tembok. “Iya, Kang. Tancep Kayonku mung marang sing ala, marang sing senengane ngimpi wae, lan marang wong sing senenge ndadekake panguripan iku dadi proyek. Aku saiki bali dadi tani esuk. Macul tegalan tinggalane Bapak. Ijazah dhokter kewanku isih taksimpen, nanging tanganku saiki nyekel pacul.”

“Wah, dadi tani? Piye karo etos kerja Protestanmu sing tau mbok dhiskusikake biyen?”

Aku ngguyu, ngguyu sing tanpa beban kaya nalika ngicipi lele goreng Bu War limalas taun kapungkur. “Simbahe etos kuwi ya butuh kasunyatan. Wong Kristen sing sambat lan ngemis kuwi ateges keset. Gusti Yesus wis maringi kalodhangan jembar. Dadi, aku kudu ngatur dhuwit, nyelengi, ora boros. Cara sakdrajad karo liyan, kuwi kudu ngopeni omah dewe. Dadi, tancep kayon studi banding wis rampung.”

Sandi meneng sedhela. Krungu swara jangkrik cilik ing telpon. “Dadi, PPLH, YHL, FKH, DKJ, mung dadi crita lawas?”

Aku njupuk napas dawa, ambegan kang tumata. “Crita lawas dadi cathetan sing nyengkuyung. Aku wis ora gelem dadi tamu ing omahku dewe maneh, mung ndelok wong liya nglakoni proyek ing lemah leluhurku. Omahku ya ing kene.”

“Jleg. Leres, Kaki Semar. Leres. Kowe wis nemu Kayon Sejati.”

Aku nutup telpon. Aku njupuk pacul, lumaku alon-alon menyang tegalan. Macul, nulis, lan usaha bareng bojo, kuwi lakuku saiki. Ora perlu kluyuran golek studi banding maneh. Ambune lemah sing kecakot pacul luwih romantis tinimbang ambu lenga gorengan sing wis anyep.


Tidak ada komentar:

Cari