Wayah aku njegilengi berita isu lingkungan kanthi telaten ing artikel iki... aku rumanhsa isih ana ing PPLH Seloliman karo lingkungan sakupenge lan isu-isu kang tansah dibahas kanthi swasana kang filmis
Trawas wayah semana isih adhem. Mula krasa adheme kaya es ing kantor pengembangan wayah bengi. Papan sing jarene wingit merga ana barang alus sing ngenggoni. Sanajan saksuwene aku ing kono ora tau diketoki. Mbokmenawa merga aku manggon ing kamar ngarep sing saben awan dienggoni Neneth kanggo nggarap administrasi.
Saben awan Bu War nggawekake gorengan kanggo cemilan arek kantor pengembangan. Omah tembok putih cet ijo kayune melu ngambu sedhepe gorengan. "Mbak Neneth... Niki gorengane.... Ote-ote, tempe, tahu goreng!" ngendikane Bu War karo wajane ya untune sing ketoke srada gowal-gawil.
Bu War ngagem dhaster kembang-kembang. Rikmane sing uwanen digelung. Atise awan kesapu srengenge. Nanging sakdurunge srengenge teka, Bu War wis mateng adange. Tanek, dilawuhi pecel sega kebul-kebul kanggo sarapan wis cumepak. Nganti awan iku wayahe gorengan ngancani arek-arek njlimat-jlimet.
....
Udan grimis. Aku mulih saka mangan lele goreng sing wis dadi mitos, ndhisik enak saiki kakehan lenga. Buyar. Pungkasan, iki.
Winginane aku bar nulis swasana PPLH nalika semana, 1997-1999. Romantis. Bar mangan, teka omah, aku mbukak FB. Kok ana akune PPLH Seloliman lewat. Takbukak.
Kok ana tulisane Ecoledge? Takbukak siji mbaka siji postingane. Bar wis. Kabeh pangimpen romantisku tak preini. Aku mbalik marang kasunyatan sing takadhepi.
Aku tau sinau neng PPLH Seloliman. Papane ing Mojokerto. Wis suwe kloyang-kloyong ing sauntara papan adoh omah. Wis wayahe ngekep panemu sing wis taklakoni:
Kabeh manungsa duwe omah dhewe-dhewe. Yen pengin uripmu duwe arti, bangun omahmu dhewe. Sakehe papan sing wis mboktekani iku mung:
Studi banding.
Tancep kayon.
....
Tancep kayon ateges wis paripurna ya wis bar critane. Urip kudu tumapak ing jaman saiki. Jaman dhisik wis lewat, jaman mengko isih durung teka.
Wis taktancepkayoni crita-crita lawas. Aku wis mantep madhep marang jaman saiki. Crita lawas mung dadi crita kanggo nggugah kasadharan yen ana pangarepan kang dicepakake Gusti Pangeran sing wis nyukupi sakehing kebutuhanku. Jasmani, rohani, materiil, spirituil.
Ing PPLH, YHL, aku sinau bab lingkungan hidup. Ing gereja, Lahai Roi lan UK3 bab karohanen. Ing FKH Unair, Paeco Agung, Bina San Prima, Pradipta, bab kedokteran hewan lan peternakan. Ing Darya Varia bab farmasi manungsa. Ing Memorandum bab jurnalisme. Ing Infovet bab jurnalisme ilmiah. Ing UK Petra bab prakuliah. Ing ITB, IKIP Surabaya, DKS, bab mikirake senirupa. Ing DKJ, TIM PDS HB Jassin, lan sapanunggalane bab sastra, ing STF Driyakarya bab Filsafat lan Teologia, sanajan sakcrit.
Aku ora tau kuliah teologia, kajaba kursus Alkitab tertulis jaman sakdurunge dibaptis, njur ngicipi sakcrit neng STF, liyane sinau dhewe uga karo kanca-kanca.
Jaman saiki tanpa kuliah bisa luwih pinter tinimbang profesor, yen sregepe sinau lan maca saka internet ya luwih tinimbang profesor.
Tancep kayonku mung marang kang ala lan dadi wong sing senengane ngimpi.
Kala-kala ngimpi ana gunane, nanging kudu enggal bali marang kasunyatan.
Upamane aku tenan kuliah teologia, saiki aku wis dadi pandhita utawa dosen teologia. Kari nembung kancaku mesti ditampa.
Nanging pranyata aku ora tau duwe ijazah STh apa maneh MTh utawa Doktor Th. Dadi kepeksa neng greja ya dipinteri pandhita mudha sing lagi mbangun karir. Lan ora dianggep dening majelis sing maca Alkitabe ora tutug.
Neng Lahai Roi karo UK3 ya ora payu, merga petungane kanggo pelayanan ora mung siji perkara.
Akeh prakara kang kudu dietung kanggo ditampa dening sawijining entitas.
Utawa iki sing dadi petungan liyane: Sakdrajad karo kabeh wong liya. Carane sakdrajad, kudu ngopeni omahku dhewe.
Mula aku tancep kayon studi banding. Wektu kok dientekake kanggo studi banding.
Studi banding iku apik, nanging aja saklawase. Apa maneh aku duwe Gusti Yesus. Kurang apa. Kaya sedulur tunggal iman sing liyane, omahku dhewe ya ing astane Gusti Yesus marang awakku dhewe.
....
Omahku ya ing kene. Sakwise aku mulih omah tahun 2009, aku gumbul bocah-bocah literasi Bojonegoro. Aku ora mlebu organisasine kono nanging dadi kancane wae. Lan sering kegiatan bareng.
Nanging aku arep crita sakbanjure kok krasa abot banget. Merga iki dudu donya putih-ireng. Nyata mlaku ing bab budaya iku kudu duwe ati sing jembar.
Yen mung crita bab karohanen bisa wae jero nanging ya ana ing kalangan kang winates. Yen budaya, iki mbahas saanane kabeh. Dene aku wis ngesok kabeh sakwise prastawa-prastawa seni budaya Bojonegoro kedaden. Taksok ing novel Laku lan novel Jatiminyakbumi. Lan aku wis tancep kayon. Sing takcritakna ing grup sisih sing durung taksok ing novel-novel iku.
Sing baku, kanthi ngopeni omahku dhewe lan lungguh bebarengan kanca-kanca sapejagongan, sing jenenge laku ya pancen laku. Ora perlu mingsret neng ngendi-endi, cukup lungguh lan ambegan kang tumata kabeh wis mlaku dhewe.
Ora ateges ora lelungan papan seje. Nanging lelungan luwih manther ora kloyang-kloyong maneh. Ancas tujuwan luwih jelas.
....
Kuthaku jarene saiki sugih merga minyak bumi. Nanging sing omahe kaya gubuk ora kurang. Ana omah lawas ora tau didandani malah kanggo nutupi sing bolong ditutup nganggo plastik backdrop. Kabeh sing manggon kono anak turun mantan lurah desaku jaman dhisik.
Sandhinge kono let dalan gang, ana greja GKJW sing megah lan akeh mobil parkir wayah Minggu esuk apamaneh pas natalan. Aku ora bisa maido bedane njomblak.
Nanging aku ya weruh anggota GKJW iku ana sing pas-pasan panguripane. Yen takpikir kudune iki negara komunis ben kabeh makmur. Nanging aku weruh iki uga mitos.
Sing penting kanggo kahanan iki pancen kudu duwe mental petarung sing bisa ngadeg duwe semangat kanggo njumput rejeki saka Gusti.
Sakjane akeh tanah sing bisa ditanduri, akeh got sing bisa ditanduri lele. Apa maneh yen duwe ijasah dhuwur.
Aku dhewe milih dadi tani saiki yen esuk. Tegalan tinggalan bapak swargi sing wis tau dadi alas isih butuh utun tanganku maculi, ben subur.
Lintas budaya sing saiki dadi omahku, kalebu bab iku. Minangka penerbit aku ya nglakoni cilik-cilikan. Minangka penulis ya sregep kirim tulisan nang media. Minangka YouTuber aku ya sregep nggawe konten. Akeh maneh pokoke taklakoni kabeh yen aku bisa.
Yen ora ngono piye aku bisa mangan? Piye aku bisa nulung liyan sing butuh? Paling ya yen gedhangku suluh, saktundhun takwenehake. Kejaba yen ana tarikan iuran kampung lan persembahan gereja.
Untung aku kenal Alkitab dadi ing kamusku perpuluhan iku ora kaya ing kitab Maleakhi sing Prajanjen Lawas maneh.
Kanthi cara ngono aku bisa ngadeg sakdrajad karo sapadha-padha manungsa.
....
Gegayuhanku ndhisik dhuwur. Dadi wong sugih dhisik lagi kawin. Nanging nyatane iku ngimpi merga aku ora manther ing sawijining bab. Dadi aku kawin sakwise metu saka dadi karyawan PT njur milih dadi freelance. Sakliyane iku aku usaha dhewe karo bojoku.
Kabeh taklakoni. Kalebu macul ben tegalane bapakku ora sida diedol. Masa masku pensiunan sing alumni ITB lan aku sing pensiunan sing alumni Unair nganti dodolan tanah warisan. Mumpung durung manula, macul apik kanggo olahraga ben awak kentheng.
Ijasah dokter hewanku ya isih payu kok. Kari ndawakake surat ijin praktik wis bisa nyuntik kewan maneh. Nanging dalan lintas budayaku isih akeh. Gusti Allah Yesusku sugih. Akeh dalan kanggo mbayar utang.
Karodene, minangka sarjana sing ijasahe luwih tinimbang bocah SMA, nglakokake kabeh mau ora perlu nganggo tenagane dhewe kabeh. Bisa ngongkon lan mbayari wong. Dadi kudu primpen nata dhuwit.
Kajaba bisa ngatur mlebu-metune dhuwit, kudu bisa nyelengi. Piye carane nyelengi, ya kudu ora boros. Yen iki ora perlu diajari. Apa maneh wong sing wis sinau Alkitab.
Gusti Yesus wis mulang bab pegawe sing diwenehi modhal dhuwit dening juragane. Ana sing bisa ngembangake akeh, ana sing ngembangake sithik, ana sing mung nyimpen ing lemah.
Tegese bisa nyelengi dudu kaya pegawe sing nyimpen dhuwite ing lemah iku. Nanging kudu ngerti blanja sing penting lan ora.
Carane, yen bisa mangan nganggo godhong bayem saka tegalan, ora perlu tuku pecel apa maneh sega jangan bayem.
....
Dadi wong Kristen ngono enak saktenane. Gusti Allah ora mrentah nglakokake pakulinan miturut aturan hukum toret maneh sing matesi samubarange. Kabeh prentah kang diturunake marang Nabi Musa ing gunung Tursina. Prentah kang bener-bener kaku mbedudu ngatur carane uripe wong Israel. Salah sithik cilaka akibate.
Amarga wong Israel gagal anggone netepi kuwajiban toret iku mula Gusti Allah maringake Putrane Kang Tunggal ya Gusti Yesus minangka sarat Prajanjen anyar manungsa sakngarepe Gusti Allah. Kabeh dadi entheng sanggane, lan ukurane mung ing niyat kang apik. Ukurane mung lega lilane manungsa nurut satuhu mulyakake Gusti Allah ing Asma Gusti Yesus.
Dadi satemene wong Kristen ora kurang-kurang wektu kanggo mempeng nyambut gawe amarga ora duwe kewajiban sembahyang kanthi wektu kang ajeg lan kaku kaping lima sabendinane. Wektu kanggo wong Kristen nglakoni ibadah iku longgar banget.
Mulane ana Etika Protestan sing menehi kalodhangan marang wong Kristen mergawe sakkemenge lan golek dhuwit saakeh-akehe, jer kabeh mung kanggo ngluhurake Asmane Gusti Allah ing dalem Gusti Yesus.
Mula saktenane yen ana wong Kristen sing isih ngresula kurang samubarange lan ora bisa nyukupi kebutuhane, sing kudu dikoreksi ya kudu wonge dhewe.
Amarga saking gedhe lan jembare kalodhangan dening Gusti Allah tumrap manungsa iku mau, yen ana wong Kristen sing mung sambat lan ngemis, iku ateges wonge sing keset.
....
Ora krasa udan wis ora teka. Mumpung dhek mau isih udan aja dibuntoni dalane banyu. Ben mili wae banyune tumuju papan sing luwih ngisor. Yen wis wayahe mandheg ya mesti mandheg dhewe.
Crita-crita lawas ing ngisor gunung, ing cedhak segara, ing padesan lan ing kutha-kutha, dadi cathetan sing nyengkuyung bawa kridhamu setya nglakoni jejibahanmu sing pinercayakake dening Gusti murbeng jagad dumadi.
Sauntara suwene wis tinemu dalane ora ateges awakmu enggal leren mentas nggilut pakaryan omahmu dhewe.
Jleg. Leres, Kaki Semar. Leres.
Hehehe. Kaya-kaya aku lagi wawandika karo Sang Hyang Semar sing paring piwulang marang awakku. Jalarane meh saben dina Bu Katri ngirim jejagongane Bathara Ismaya ya Sang Hyang Semar karo putra-putrane, Gareng, Petruk, Bagong.
....
Yen kahanane owah ing PPLH Seloliman jaman YIH karo jaman yayasan sing anyar, iku wis dadi paugeraning jaman. Warga lokal duwe hak kanggo maju, merga pancen lembaga iki diadegake ing kene. Lan prinsip minangka LSM iku ndayakake masyarakat. Utamane masyarakat lokal sing tanahe diadegi lembaga lan ya warga lokal dhewe sing kerja ing kene wiwit kawitan.
Takbiji warga lokal sing nggabung ing lembaga iki duwe pamikiran sing lanthip. Apa maneh entuk ilmu gerakan sosial sing daya mandiri lan bisa mimpin rakyat akeh.
Kanca-kanca lokal Seloliman sing takkenal bisa nyecep lan ngembangake ilmu lan elmu iku kanthi landhep. Kamandireng urip ora mung darbane para aktivis sing saka njaba desa. Masyarakat saenggon kudu luwih kuwat, amarga ing kono iku alame dhewe. Apa maneh saktemene sakkupenge Gunung Penanggungan iku isih bisa diarani sanak saketurunan Sang Maharaja Airlangga sing sekti mandraguna.
Owah-owahan saka jaman YIH karo jaman YLHS ora bisa diselaki kudu bisa dadi conto tuladha kanggo kita kabeh sing tau mersudi minangka aktivis ing PPLH Seloliman. Yen bali mulih ing omah sangkane dhewe-dhewe, kudu bisa nyekel kendhali pranatan omah duweke dhewe. Aja mung dadi tamu ing omahe dhewe.
....
Aku tau dhiskusi karo kanca Lahai Roi ing teras Lahai Roi perkara bedane Katolik karo Protestan bab etos kerja. Conto kasuse ing negara-negara Protestan lan ing negara-negara Katolik.
Miturut awakku wong loro sing dhiskusi iku, negara Protestan umume luwih maju tinimbang negara Katolik. Jalarane, ing Katolik kakehan ritual sing ngentekake wektu. Beda karo ing Protestan sing kabeh sarwa bebas sauger mulyakake Gusti Allah ing asma Gusti Yesus.
Mula etos kerja Protestan iku sing ndadekake wong Kristen mempeng kerja golek sandhang pangan lan mulyakake urip. Urip mulyakake Gusti Yesus iku ora mung diisi kanthi ndedonga lan ibadah sing kebak liturgi kaya sing kakehan ing Katolik (miturutku lan kanca minangka wong Protestan), sanajan iku apik lan ora salah.
Nanging sakwise aku kawin karo bocah Katolik lan weruh pakulinane wong Katolik, wawasanku serada beda.
Pancen ing pakulinan Katolik akeh misa kebak liturgi, akeh donga-donga lan devosi-devosi. Akeh ritual. Nanging nyatane saben ritual utamane sing neng greja iku dawane rata-rata mung sakjam. Beda banget karo kabekten Protestan sing kakehan khotbah sing bisa kadawa-dawa nganti kabektene bisa mangan wektu jam-jaman.
Mula aku ora kaget yen mentas kabekten akeh wong Protestan sing malah dadi loyo anggone kerja merga kakehan nyanyi lan ndonga ngentekake tenaga. Rumangsa lega merga bisa ngesok emosi nanging banjur lali kerja. Beda karo wong-wong Katolik sing takkenal.
Dadi, miturut panemuku, negara-negara Katolik umume kalah maju tinimbang negara-negara Protestan, ora mung prakara siji sing dadi sebab.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar