Postingan
Menampilkan postingan dari November, 2024
GANDAYANI 5
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
"Mas sampeyan bisa mangerteni pesenku iki? Senajan praupanku sumringah wengi iki, aku susah saka mangerteni utange wong tuwane sampeyan durung lunas. "Ya wis ora dadi ngapa yen iki njalari tunangan kita dadi molor nganti kapan bisa dipungkasi kanthi dhaupe kita. "Aku dhewe, takseneng-seneng wae Mas. Urip ora perlu didawak-dawakna susahe. Wis akeh wong sing urip susah. Awake dhewe ora perlu nambahi dhaptare. "Ayo Mas, ndang seneng-seneng ing kono. Aku ya takngono ing kene." Sekar banjur mapan turu. Adate angel turune. Nanging saiki njanur gunung. Cepet tenan mripate merem. Banjur nglempus. Isih jam sanga bengi. Yen ngimpi paling ya ngimpi titiyani. Dienteni wae critane. Tibake nganti jam rolas bengi ngimpine ora teka-teka. Sing teka malah banyu sing yen ditahan suwe marahi kencing batu. Sekar tangi banjur menyat mengguri. Hewes ewes ewes! Kenya adoh tunangan sing ana mancanegara iki banjur mbalekna penganggone kaya kawitane. Sret, sret, sret... Sekar mlaku nyer...