Selasa, 15 Oktober 2024

GANDAYANI 2

Mas, aku ngelu ndeleng kahanan saiki. Mama-Papa kebulet utang. Muga-muga enggal bares samubarange. Njur kita bisa enggal akad nikah. 

Wayah iki kita kudu nglakoni pakaryan kita dhewe-dhewe ing panggonan kita. Aku neng kantor TKW kutha cilik Iki. Sampeyan neng kutha gedhe ing Amerika.

Ing kantor ya mesti kudu kerja saapik-apike. Sanajan kantor TKW, ora ateges kelase ngurus manungsa iki kelas ngisoran. Urusane tetep uripe manungsa.

Ing ndesa-ndesa akeh wong wadon ninggalake omahe mung kanggo ngrewangi bojone nambah pengasilan.

Mami dhewe kagungan rewang saka desa sabrang kali. Malah dhisik wayah Papi isih sugeng, akeh banget rewange, lanang lan wadon. 

Ya kabeh merga kahanan ekonomi sing makmur kala semana. Beda karo saiki Mami dhewekan.

Aku dhewe takrewangi kerja ing kantor TKW iki. Wong-wong wadon sing ditampung biro TKW iki ora beda asale kaya rewange Mami. Rata-rata saka desa pelosok.

Sing mujur nasibe bisa cepet oleh ndara ing manca negri, lan dikirim mrana. Sing kurang mujur isih ngenteni suwe... Bisa uga ora sida lunga manca nanging ditampung wong lokal kaya Mami.

Sauntara sing bisa takpikir ya ngurusi pakaryan ing kantor lan karo dulur-dulurku ngrewangi Mami.

Prakara utange Mama-Papa sing katone ruwet banget aku ora bisa mbantu mikir. Aku ora weruh kahanane ing Amerika Selatan iku.

Aja maneh kahanan manca negara, kahanan negaraku dhewe sing awut-awutan ing penegakan hukum lan dhemokrasi aku ya ora bisa apa-apa.

Tangeh lamun aku melu ngurusi, mikir wae aku ora gadug, Mas. 

Bisaku ngrancang urip bebarengan karo sampeyan njur mengko nggawe lan ngrumat anak.

Saiki ya wis aku ngrumat TKW wae. Akeh je sing ndhaptar.