Jumat, 11 Oktober 2024

SEKAR 17

Dhik, ora usah mikir sing rena-rena. Kanca sing nraktir aku eskrim pancen wadon. Mung kanca kantor biyasa.

Keneng apa aku crita dawa pas ngeskrim iku, ya saka pentinge aku nyambung rasa karo awakmu. Dudu karo dheweke.

Sacara wadhag aku lagi ngeskrim karo dheweke, nanging ing batin aku karo awakmu, Dhik.

Malah pikiranku ya tansah katuju marang awakmu. Mulane aku ya kaya ngono kuwi. Diwenehi eskrime aku ora ndeleng sing taksendhok.

Mulane aku ya ora weruh sing taksendhok iku topinge. Lan dheweke ya kaget topinge ilang.

Dhik, piye kabarmu saiki, saiki atimu luwih kepenak ta?

Ya Dhik, yen ana ngapa-apa crita wae. Yen ana sing bisa dirembug kita rembug sing apik kaya ngene iki.

Dene yen masalahe abot... Eh, muga-muga wae ora ana masalah sing abot sakngarepe awake dhewe ya Dhik.

Yen ta ana... Kita ya nyuwun marang Gusti Pangeran maringi kita kakuwatan.

Rak ngono ta Dhik?

The Tailor Penjahit


A Second Time


SEKAR 16

Saka bungahe utawa saka apa ta Mas? Kok sampeyan magita-gita crita prekara eskrim lan topinge ing ulangtahune kancane sampeyan?

Kancane sampeyan iku lanang apa wadon? 

Aku iki lagi kelaran tanganku kebeler njur sampeyan wenehi advis. Nanging mung sauplik advise. Malah sampeyan crita dawa lagi ngeskrim karo kanca.

Ya wis ora dadi ngapa, eskrime enak ya. Aku ya pengin karo sampeyan ngono lho.

Yen sampeyan mengko teka Lamongan utawa aku sing mrono?

Hehe... Aku ora ngarep kok Mas, sampeyan ajak menyang negara sing sampeyan enggoni saiki. Nanging aku mung nuhoni janji kita, sampeyan pas nglamar aku kae, neng Lamongan.

Piye rencanane sakbanjure kanggo pernikahan kita? Bar lamaran rak ya wayahe akad nikah ta Mas?

Piye Papa karo Mama, wis kagungan wektu sing apik kanggo wektune kita?

Ayo Mas, enggal dileksanakna, ben awake dhewe bisa ngeskrim bareng kaya sampeyan karo kancane sampeyan iku.

Eh ya Mas, kancane sampeyan sing ulang tahun iku lanang apa wadon?


SEKAR 15

Dhik, aja nganti infeksi ya, tatune. Kerep diresiki ya, aja kanggo nyekel barang kotor. Sedina sepisan hendiplase diganti. Wayah plestere dicoplok, drijine resiki nganggo alkohol njur dibuntel hendiplas maneh.

Sakbanjure ngati-ati angger nyekel samubarang. Aja nganti kebeler maneh. Muga-muga cepet waras.

Iki aku lagi karo kanca. Dheweke ulang tahun, aku diajak ngrayakake ulang tahune neng eskriman.

Seger banget ketoke dheweke ndilati eskrim sing disendhoki. Jarene topinge sele stroberi. Aku nganti ngiler, Dhik.

Aku dhewe milih es teh buah kiwi. Gelase pancen luwih gedhe timbang gelase kancaku. Nanging rasane pancen beda.

Jane ya ora afdol ya Dhik, neng eskriman kok aku milih ngombe es teh kiwi.

Katone kancaku ngerti batinku. Dheweke njur ngulungna gelas eskrime. Iki icipi, jarene.

Kebeneran, nganggo sendhok eskrime... taksendhok tanpa ndeleng apa sing taksendhok. Njur taklebokna lambeku.

Gelase takulungna balik. Eskrime dheweke wis mlebu rongkonganku. 

Kancaku njur nyendhok eskrime. Kok clingak-clinguk.  

Jarene: 

Lho, topinge endi?


SEKAR 14

Mas, driji tengah tangan kiwaku kebeler. Piye apike Iki, getihe ndlewer e. Aku Wedi. Abang.

Pancen salahku dhewe, ora ngati-ati. Kok bisa, ngono mestine sampeyan takon.

Ya Mas, pancen bisa. Aku isih keweden dadi ben ora dadi ngimpi ala aku wurungna critane ya Mas. Takmikir sing apik-apik wae.

Wis takplester hendiplas kok Mas, drijiku. Sakwise taktutuli nganggo kapas sing taktelesi alkohol. Ping telu jare, merga bar taktutuli alkohol getihe isih ndlewer.

Saiki wis aman, getihe mampet, hendiplase wis nggubet drijiku. Muga-muga enggal waras ya, Mas.

Begjane sing kebeler driji tangan kiwa, mula aku bisa tutul-tutul hape kanggo sampeyan. Masiya driji tangan tengen sakjane ya tetep bisa kok kanggo nutuli hape.

Ya wis Mas, muga-muga kedadeyan iki ora kegawa ngimpi jam 9 nganti jam 12 bengi mengko. Apa maneh jam sakbanjure. Hi... Wedi.


SEKAR 13

Muga-muga anggonmu ngawasi Mami dituruti ya Dhik, amerga wong sepuh biyasane kepenginane angel dipenggak.

Yen Mami kagungan kersa, mestine lak ya ngono ya.

Muga-muga Mami nurut marang aturmu. Kabeh ya mung kanggo lan apike. 

Awakmu ya sing sabar ya Dhik. Wong sepuh pancen gampang-gampang angel. Ususmu dawakna ya. Yen rumangsamu kedawan, ya kalungna gulu.

Karo meneh, aja lali kontrol mau kanggo penyakit liyane. Wong sepuh rata-rata dadi gudhange penyakit.

Yen ngawasi Mami, awakmu ya aja lali nggatekake kesehatan awakmu dhewe.

Ngatur wektumu lak bisa ta Dhik? Wis kerja isih kudu wigati marang wong tuwa. Rewange Mami lak bisa mbokpeseni.

Kabeh sing penting kanggo njaga kesehatane Mami, kandhanana dheweke. Lan sering-sering telepun awakmu, aja gampang mutusi dhewe apa-apa kang dibutuhake kanggo njaga kesehatane Mami.

Pokoke awakmu aja kekeselen, ya Dhik. Takbaleni maneh Iki. Istirahat sing cukup iku penting banget.

Wigati marang wong tuwa, ya wigati marang kesehatan pribadi.


SEKAR 12

Ya, Mas. Jarene dhokter encoke Mami merga kakehan asam urat. Nglumpuk neng bangkekane, abuh, lara. 

Lha Mami seneng banget karo mendhoan. Bar nggoreng tempe mendhoan iki ora let suwe wis amblas.

Nanging ya ngono, bengine nglilir sare merga bangkekane cekot-cekot lara banget.

Wis dioseri balsem panggah isih lara. Wis dikompres banyu anget ora suda.

Bar iku nganti esuk Mami ora bisa sare. 

Ketepakan jamune wis entek. Ya dina iku tuku maneh. Nanging Mami durung marem yen ora mundhut jamune neng jamu herbal langganane.

Panggone bakule na pinggir ratan kae lo. 

Yen akeh banget bahan kimiane, mlebu nalar Mas.

Takbenerna, merga angger bar ngunjuk jamu herbal kanggo encok asam urat Iki ... Encoke amblas.

Tibake ilange lara iku merga diunjuki zat kimia sing ra kaprah wilangan lan akehe.

Mbebayani tenan, bisa-bisa kena ginjel lan jantung.

Ya Mas, takelingake... Mami. Takaturi ngunjuk banyu putih sing akeh, nglereni tuku jamu iku, nyuda tempe lan sumber asam urat liyane...

Angger lara, nyang dhokter kanggo ngudhunake asam urate. Kontrol dharah kanggo ngecek kadhar asam urat lan liya-liyane.


SEKAR 11

Encoke Mami ditambani dhokter apa jamu tuku dhewe, Dhik?

Saiki akeh jamu herbal Dhik, nanging aja sembarangan ngombene. Pemerintah wis nglarang sauntara jamu herbal sing mbebayani kanggo jantung lan ginjel.

Tibake mung jenenge wae herbal, nanging dicampuri obat-obat kimia. Ora baen-baen. Obat kimiane akeh banget lan dhosise dhuwur-dhuwur.

Iki jeneng-jenenge jamu herbal sing mbebayani iku Dhik. 

Dadi yen tuku jamu kanggo Mami, cocokna dhisik jenenge Karo dhaptar sing takkeki Iki ya, Dhik.

Kejaba iku sakjane akeh banget jamu herbal sing ora kamonitor dening BPOM Kementerian Kesehatan.

Luwih becik takon marang dhokter ya, yen encoke Mami lagi kumat.


SEKAR 10

Mami sehat, Mas. Mung kala-kala encoke kumat. 

Aku sehat, Mas. Mung kala-kala kekeselen.

Keuangan cukup, mung kala-kala kudu njupuk neng mesin ATM.

Kantor lancar, Mas. Mung kala-kala bose mbesengut ana wae sebabe sanajan dudu aku.

Greja rukun, Mas. Mung kala-kala ketuane kudu niliki umat sing senenge mung teka misa kapal selam. Teka greja mung pas Natal karo Paskah.

Ya Mas wiwit sesuk aku tak olahraga, dhedhe saben esuk. Yen maeme takkira ora ana masalah. Ya aku sering kekeselen, mengko bengi takturu sore.

Eh ya Mas, siji maneh, ngombe banyu putih sing akeh saben dina paling ora 12 gelas.

Wayah weteng kothong luwih becik diombeni banyu putih. Mas uga lho ya.

Aja lali Iki. Banyu putih iku panting banget. Jamu sing paling mujarab.


SEKAR 9

Ya Dhik. Lumrah iku. Mbiji-biniji siji lan sijine. Aku ya ngono kok marang awakmu. Yen ora ngono masa aku bisa nyeblokna pilihanku. 

Lan awakmu ta Dhik sing takpilih saka sakehing kanca-kancaku. 

Ing kene ora ana sing jenenge menang-kalah, Dhik. Beda karo lomba-lomba kae. Anugrah-anugrah kae.

Awake dhewe pancen golek bojo tenan. Ora golek kanca ngisi wektu lodhang. Apa maneh kanca seneng-seneng.

Piye Dhik, Mami? Sehat ya. Sungkem Mami ya Dhik.

Piye Dhik, kesehatane? Apik lan sehat ya.

Piye keuangane? Cukup ta?

Piye kantor? Kondhusif ya Dhik. Kanca-kanca padha rukun kabeh ta?

Piye greja, Dhik? Aman tentrem ya?

Dhik aja lali olah raga, dhedhe saben esuk. Maem sing bergizi. Istirahat sing cukup ya. Aja nganti stres. Pokoke angger kesel, leren ya.


SEKAR 8

Ora, Mas. Menungsa ngomong karo awake dhewe ora ateges nyembah pribadine dhewe. Mbatin iku dudu nyembah batine dhewe.

Aku ya sering mbatin kok, Mas. Kalebu mbatin sesambungane awake dhewe.

Pancen ya nyalawadi ya Mas, bisa-bisane kita sesambungan mung lantaran Facebook. Njur ketaman tresna ya ing Facebook.

Satemene apa ta Mas sing narik kawigatene sampeyan tumrap aku. Rumangsaku aku iki  wonge ya biyasa-biyasa wae.

Kaluwihanku ora akeh. Sampeyan mbiji atiku ya mung saka tulisanku ing inbox FB, status, komentar, foto lan videoku sing takpasang neng latare FB-ku.

Ya ngono uga pambijiku marang sampeyan. Kok rasane cocok, njur kita ijol-ijolan nomer WA. Telpun-telpunan.

Saka kabeh iku aku kaya dadi juri sing mbiji peserta lomba. Hihihi


SEKAR 7

Dhik aja sumelang marang wong sing ora precaya.

Sing baku ing kaprecayan sing mboklakoni ora ana sing jenenge nyembah saknjabane Gusti Allah Tritunggal kalebu Gusti Yesus.

Prekara tembung lan ukara iku ana gandhengane karo cara mangerteni samubarang, apa wae.

Ing tataran pangerten iku, bisa dadi masalah yen sing diublek mung tembung tanpa jati.

Jati iku isine kang maujud lan pangertene. Mula sing kudu dicekel iku dudu sing wadhag nanging isi sing sejati.

Sing dimasalahake mung manungsa nyembah sapa, dudu menungsa ngomong karo sapa. 

Yen mung donga diarani menungsa ngomong karo samubarang kang ora katon, ateges menungsa ya ndonga marang diri pribadine dhewe wayah lagi mbatin.

Apa ya yen mbatin iku ateges menungsa nyembah awake dhewe?


SEKAR 6

Mas, begjane awake dhewe padha menungsa urip ya. Dadi bisa nyambung yen ngobrol masiya mung lewat telepun lan video saka kadohan.

Coba yen awake dhewe ora urip, mengko awake dhewe diarani apa.

Ya, sesambungan ing pacaturan iku kudu padha uripe, sanajan ora katon wonge tetep ana wujude.

Suwun ya Mas merga wis ngalembana aku ing sesambungane kita.

Ya wis jamak lumrahe Mas kita kudu padha nyengkuyunge ing padinan. Merga sukmben wayah kita urip bebarengan sapa maneh sing bisa nglakoni kejaba wong sing paling cedhak saben dina.

Eh kok aku ngomong kudu padha uripe. Ya Mas iki aku lagi ditakoni kancaku prekara agama Katolik.

Jarene sing ora precaya, Ibu Maria iku dudu Gusti, kok disembah. Pameneh Ibu Maria lak wis seda.

Kamangka miturut iman Katolik sing takweruhi Ibu Maria iku diangkat nyang swarga, dadi ora seda nanging gesang.

Mula menungsa bisa matur, lha ora seda.

Mature iki dadi masalah, dianggep nyembah. Kamangka mung matur nyuwun tulung supaya Ibu Maria nyuwun Gusti Yesus mberkahi menungsa.

Sing disembah iku Gusti Yesus, Ibu Maria mung disuwuni pitulungan dudu disembah.

Lha masalahe matur iku lho, diarani ndedonga.


SEKAR 5

Eman ya Dhik, bar lamaran iku aku langsung mabur lan kita sesambungan saka kadohan.

Jane kahanan kaya ngene iki ora kepenak. Sing bisa taklakoni yen kangen awakmu ya mung nyawang potomu utawa video-mu.

Ketepakan pas awake dhewe bisa ngobrol ing internet kok aku kudu ngene, awakmu kudu ngono.

Wayah esuk awakmu kerja, neng nggonku wayah bengi. Wayah bengi awakmu lagi ngaso, aku lagi kerja.

Begjane awake dhewe Iki kalebu wong sing luwes, dadi bisa nyempat-nyempatna wektu ing wayah sing angel. 

Ya merga iku awake dhewe bisa langgeng anggone sesambungan. Kerja ing kene ora gampang olehe nglakoni, uga angel anggone golek wektu lodhang. Wong-wonge pekerja keras kabeh. Tuntutan kerja dhuwur banget. Kliru sithik bisa ana sing rumangsa dirugekna.

Mula aku begja bisa ketemu awakmu sing bisa ngimbangi ewuhe pakaryanku.

Malah merga awakmu aku entuk panglipuran. Ben ora kekencengen anggonku nggudhak tuntutan.

Awakmu wis ngendhokna sarapku. Awakmu wis bisa ngleremna atiku sing kemrungsung.

Dadi aku ora tau kedlarang-dlarang judheg wayah ora ngerti dalan metu saka masalah.

Mula sakwise takrasa awake dhewe kesuwen anggone sesambungan... Ya aku enggal nglamar wae.

Begjane Mami marengake. Kamangka ya durung tau caturan karo aku.


SEKAR 4

Ya, Mas, aku ya pengin kaya sampeyan. Malah ya pengin nyang salon sampeyan kancani. 

Neng kono lak akeh kacane. Dadi wayah rambutku ditata tukang salone aku bisa nyawang sampeyan saka kaca.

Sampeyan uga bisa nyawang aku saka kaca rasa iku. Malah aku lan sampeyan bisa sawang-sinawang saka sisih ngendi wae.

Aku weruh kok Mas, salon sing akeh banget kacarasane. Malah dadi langgananku.

Kejaba iku kanthi awake dhewe sakloron ing salon iku aku ya bisa njaluk tulung tukang salone nata rambute sampeyan miturut modhel sing paling apik.

Aku duwe pengalaman pindhah-pindhah salon kanggo golek sing paling apik olehe nata rambutku. Lan sing paling trep karo atiku ya sing saiki.

Pengin banget aku suk mrono karo sampeyan.

Dhek winginane pas lamaran lak awake dhewe kaya ngimpi. 

Suwe ora tau ketemu, sir-siran ya mung lantaran Facebook lan telpun, ketemu pisan sampeyan langsung matur Mami njaluk aku ing lamaran.


SEKAR 3

Jane aku ora sabar kok Dhik. Pengin banget ndang ....

Umpamane awake dhewe mapan sakkutha, awake dhewe lak bisa ketemu saben dina. Gampang kabeh ya anggone nuruti karepe ati.

Umpamane aku mung mapan Bojonegoro, gampang ya Dhik angger pengin njur dolan nyang Lamongan.

Njur awake dhewe dolan mrana-mrene wong loro. Arep mangan sega boran, kari nrotoar. Pengin tahu campur, kari yang alun-alun. Pengin soto, kari nyang Asih.

Uga yen lagi pengin nonton pilem biskup, kari nyengkelak nyang CGV Gresik. Kulineran ya luwih rena-rena ing kono.

Tenan Dhik, pengin banget aku mlaku-mlaku karo awakmu.

Sisihan, Dhik, awake dhewe gandhengan tangan, hm... ndahneya senenge...