Kamis, 10 Oktober 2024

SEKAR 2

Sepurane ya Mas, aku lagi wae bar adus. Mbokmenawa beda karo sampeyan sing  lagi kemringet.

Awakku wis garing, ora teles maneh merga banyu aduse wis takandhuki.

Awakku ya wangi lho Mas, sanajan ora adus banyu kembang. Lak kembange wis dadi sabun dening pabrik. Enak saiki kari tuku sabun na warung. Murah pisan regane.

Luwih wangi maneh lha awakku taksemproti parfum. Eh dudu parfum nanging apa ya Mas cara jawane cologne.

Parfum mung kanggo yen lelungan. Regane luwih larang.

Njur iki Mas, sing luwih wangi... Kelekku, wis takseri Rexona. Hihihi deodoran ya jenenge.

Sing iki sampeyan mesti luwih seneng, kulit tangan lan sikilku ya alus merga tak-hand body.

Apa maneh Mas, sing sampeyan senengi? Rambutku wis taksuri. Raiku wis takwedhaki. Lambeku wis tak-lipen.

Biyuh, mesti sampeyan dadi makser ya Mas, mbayangna aku.

Aku durung ngomong penganggoku lho Mas. Aja makser ya Mas....

Sabar ya, awake dhewe lak lagi sir-siran. Eh, lamaran.


SEKAR 1

Isih kemringet merga apa ya aku? Lumrahe bar mangan, bar playon, bar ngangsu banyu, bar babat-babat ndhadhah, bar mbokseneni, bar mboksir.

Nanging aku luwih seneng kemringet merga bar ngesir awakmu. Amerga aku wong lanang. Sanajan tau urip neng Lamongan, aku luwih seneng yen aku sing nglamar awakmu timbang mboklamar.

Kok ngono? Lha iya, adate wong Lamongan lak ngono, sing wedok sing nglamar lan nggawa srah-srahan kanggo sing lanang. Sanajan ta pas sir-siran, ya pancen sing lanang sing nguntabna rasa senenge.

Jelas ta, senengku karo-karone sing marai aku kemringet. Seneng wayah ngesir, lan seneng wayah nglamar awakmu.

Seneng-seneng piye ngono rasane. Na dhadha rasane ser ser makplas. Njur luhku dleweran.

Yen ngene becike neng ngendi-endi aku nggawa kacu ya. Tisu larang. Ganti klambi ya ewuh kudu nggawa klambi pira.

Lha kringetku cilik-cilik kaya jagung jere. Sukmben gawakna baskom ya. Ben pas aku kemringet njur taklapi kacu aku ora kewuhan metu omah. Langsung wae takperes nang baskom.

Njur bar iku suntekna sirup ya, cepakna na meja tamumu ya. 

Matur Mami ya.

Tumpengan