Sabtu, 12 Oktober 2024

SEKAR 19

Wadhuh piye Iki. Durung-durung dheweke wis curiga yen aku selingkuh. Kamangka....

Sesambungan jarak jauh pancen ora kepenak. Nanging saksuwene wektu nganti lamaran kok ora ana masalah ya?

Dhisik iku aku ya sering mbagi crita lagi ngona-ngene karo kancaku... Ya ora ngapa.

Nanging saiki lagi wae taktinggal Bali sakwise lamaran kok gampang banget ya dheweke purik.

Mbokmenawa ya iki sing diarani wong yen wis duwe rasa nduweni... wedi banget bakal kelangan.

Piye ya yen wis ngerti saktemene kahanane kaya ngene?

Kancaku Iki akeh, meh saben dina aku ya srawung karo kanca sing seje-seje. Lha yen kabeh-kabeh dicubriya, lak...

Ya wis diadhepi wae. Aku tak crita kahanan saknyatane tumrap Mama lan Papa....

"Ya, Dhik... Papa lan Mama apik-apik lan sehat. Lan ya wis ngrancang wektu sing apik kanggo akad nikahe kita....

"Kapan wektune, mengko yen Papa lan Mama wis bisa nuntasi prakarane keuangane...

"Saiki Papa lan Mama isih kudu nglunasi utange... Aku mbuh orang weruh pira....

"Sing baku angger aku dijaluki dhuwit kanggo prekara iku, aku ya mung ngreti kabutuhane pira.

"Papa karo Mama ngendika yen iku minangka utang lunak, utawa nyilih, lan mesti dibalekake....

"Mesti awakmu ya takon ya Dhik.... rencanane dibalekna kapan.

"Ya Dhik taktakonane mengko, merga dhuwitku sing diasta Mama-Papa iku....

"Ya, Dhik, meh kabeh gajiku."


SEKAR 18

Ya Mas.

Nanging takgoleki jawabane sampeyan kok ora ana sing nyauri pitakonanku soal kapan awake dhewe nikah? 

Kapan Mas rencanane? Awake dhewe wis lamaran lho. Lan wis suwe sesambungan jarak jauh. Iki kudu enggal diputusi, Mas. 

Apa sampeyan wis ngetung dina sing paling apik kanggo akad?

Aja kesuwen Mas. Apa maneh awake dhewe mung ketemu mung neng layar kaca.

Njur piye takgoleki critane sampeyan kepriye Mama lan Papa kok ora sampeyan critakna?

Critane malah dawa prekara kanca sampeyan sing ngeskrim pas ulangtahune.

Ya, aku ora mikir neka-neka... Saturut karo pesene sampeyan. Nanging mbokyao sing dicritakake bab wong wadon liya iku aja akeh-akeh.

Pameneh aku durung kenel je, karo bocahe. Piye olehe kenal..., aku neng kene, sampeyan neng kono, adoh banget. 

Lha sampeyan ngana-ngene karo kancane sampeyan iku aku rak ya ora weruh.