Senin, 14 Oktober 2024

GANDAYANI 1

Iki kutha cilik, nanging sambungane karo manca negara akeh banget. Yen ora ngono dhisik ora ana teroris sing kawentar ing prastawa bom Bali, sesambungan karo Alqaeda. Lan saiki kawentar merga sambungane karo ISIS lan Suriah.

Omahku Lamongan, ya saka lairku nganti tumeka diwasa Iki. Aku ya kerja ing kene, dudu merga kerja bareng karo teroris luar negeri kantorku kawentar. Nanging saka nggawe lan dodolan soto Lamongan, bisa ngirim tenaga-tenaga wasis utama menyang ngendi-ngendi.

Nanging sanajan kerja ing bageyan kerjasama manca negara, aku tetep ora oleh migunakna privasi mangan sembarangan neng bakul-bakul soto sing sumebar ing ngendi-endi. Kalebu ing soto Asih.

Dadi kantorku mligi ngurus kerjasama luar negeri karo depot lan resto saindhenging ndonya. Sanajan mangkono tetep njaga anti korupsi kolusi nepotisme.

Nanging apa saktemene mangkono? Ah iya, aku arep crita, yen iki mung impenku. Penginku ngono. Dadi aku srada halusinasi, tukang ngimpi.

Sejatine pancen aku kerja ing kantor sing akeh kerja bareng karo luar negri. Nanging dudu ngirim tenaga-tenaga ahli nggawe soto jebles ngono thok thil.

Padha kok ngirim tenaga ahli, ya bisa wae sing dikirim iki bisa nggawe soto... Nanging keahliane saktemene ing bageyan kang umum.

Dadi sing dikirim kantorku iku tenaga ahli serabutan saka nyapu, umbah-umbah, korah-korah, nata kasur, ngosek jedhing... akeh liya-liyane maneh nganti ahli mbuntel popoke mbah-mbah sing anak putune ora gelem nglakoni.


SEKAR 22

Wadhuh piye ngene iki. Pranyata critane kaya neng film mafioso gembong narkoba. Kok rasane kaya ngono.

Tunanganku kebulet dhuwite neng wongtuwane. Aja-aja wongtuwane kebulet utang neng gembong narkoba. Yen ora bisa mbalekake dhuwite bakal dipateni.

Ya aku ora bisa ngapa-apa yen ngene iki. Mesti dawa critane.

Apa takpungkasi wae ya sesambunganku karo dheweke?

Nanging apa dheweke trima yen aku tumindak mangkono? Aja-aja malih luwih dawa critane.

Mesti dudu prakara sing prasaja iki, aku ya ora oleh lugu-lugu banget yen ngene.

Salahku ya merga kecepeten anggonku nyetujoni panglamare. Mestine ben wongtuwane mrene dhisik njaluk aku.

Ah bodho banget aku. Nanging wektu iku takpikir ya mung tunangan, rak bisa dibatalake tengah ndalan yen ana apa-apa.

Ya wis, wis kadhung. Saiki aku ya kudu luwih ngati-ati. 

Pancen sesambunganku karo dheweke dadi bisa kagantung suwe, ora weruh kapan anggonku rabi kapan. 

Pancen aku ora weruh utange wongtuwane karo sapa. Nanging saka critane nyawane kaancam yen ora bisa mbayar, pangrasaku iku urusan karo gembong narkoba. Amerika Selatan pisan, omahe.

"Oh, ngono ya Mas. Ya wis Mas sing sabar yen ngono. Aku ya bakal sabar ngenteni. Kita lakoni wae kabeh kanthi eklas.

Ya wis Mas, biyasa-biyasa wae ya kaya adate sesambungan kita. Pokoke jaga kesehatan ya Mas. Kabar-kabaran kaya sing wis-wis."