Senin, 28 Oktober 2024

GANDAYANI 4

Sekar glibakan ing ndhuwur ranjam. Mripate kelop-kelop. Pikirane ngulandara. Senadyan mung nyawang layare hape, katon ngegla yen tunangane lagi kerja ing kantor sing akeh kancane.

Banget panarimane wis ditelepun vidheo. Dadi ora bakal suwe rasa kang ora karu-karuwan sing nggandholi dhadhane.

Karepe ngono, bar sinambung iku dheweke bisa turu angler. Nanging dadine Sekar malah ora bisa turu.

Sing dadi playone saka kahanan iki, dheweke dolanan sulaman kembang jambon ing dhadhane dhaster kaos singlet putih terusane.

"Aku tenan ora kepengin kahanan gumantung iki klakon kanthi suwe. Senadyan bisa sakwayah-wayah WA, telepun, vidheonan... tetep ora bisa makili urip bebarengan....

"Apa wae bisa kedaden. Ketoke wayah vidheonan dheweke ora cedhak karo sapa-sapa....

"Nanging..., bisa wae bar hapene ditutup, banjur....

"Apa aku kudu nyusul dheweke?

"Ah, ora. Kahanane sing bar dicritakna iku wis gamblang.

"Prekarane pancen peteng."


GANDAYANI 3

 "Wis suwe Mas, awake dhewe ora sesambungan. Ewuh ya Mas?"

"Suwe piye ta Dhik? Rak lagi sedina."

"Hihihi, iya Mas. Krasa suwe merga iki awake dhewe rak nganggo WAG."

"Ya wis, vidheo wae, ben bisa katon lagi ngapa."

"Saiki kene bengi, Mas. Kono awan ta? Mesti lagi neng kantor ya."

"Iya. Nanging ora papa Dhik. Tak vidheo ya?"

"Ya Mas. Ketepakan aku lagi neng kasur arep mapan turu."

"Ya, Dhik."

Tut....!

"Hai Dhik. Apik dhastere. Putih ana kembange. Terusan kaos singlet."

"Hihihi, iya Mas. Gak isin kanca ta Mas, wayahe kerja kok vidheo-nan."

"Sedhela wae, sing penting atiku ayem weruh awakmu Dhik."

"Ya, Mas. Aku uga."

"Muah...," kalem banget....

"Mas...."

"Dhik...."

"Ya wis, Mas, mengko disambung maneh. Sesuk yen prei sing suwe ya....?"

"Iya, Dhik."

Lhap!