Sinopsis
Nanase kudu tuku neng Jalan Veteran, adoh saka omah. Nanging sanajan adoh tetep kudu dilabuhi. Vitta lagi karep nanas iki merga butuh gancar anggone neng mburi. Pancen woh-wohan sing ngandut serat apik kanggo kagunan iki. Paedahe padha karo sayur.
Mula, reng, sedhela wae aku wis tekan papan. Serada ngidul. Dene ing wetane Bravo dhek mau kothong. Paling bakule lagi pijet.
Ora let suwe, Vitta wis mangan nanas iku. Glesek. Glesek. Dheweke langsung menyang mburi. Aku dhewe lagi ngicipi sakithis. Luwih seneng yen nanase diejus.
Nanas madu saka Kelud Blitar. Legi. Mung tuku nanas, senajan uga ana sing dodol nangka. Vitta ora seneng mangan nangka. Malah ora bisa, marahi wetenge senep.
Sing dodol nangka sisih kidul. Nanas elore. Tuku sing oncekan, diplastiki. Gumantung ing mobile bakule. Sakplastik 10 ewu repis. Kari nyangking. Banjur Mak reng tekan bakul es teh Marisa.
Yen ing kebonne nanas Kelud siji sewu, ing Bojonegoro siji sepuluh ewu. Lumrah wong golek bathi. Ongkos dodolan ya akeh. Durung maneh ngocekine. Tangan bisa kiyu lan jibrat luhe nanas.
Sugeng ambal warsa Jawi, Sugeng Suran. Mugi Gusti Akarya Jagad paring sedaya sih tresna luber ing padintenan kita.
Kalebu ananing nanas sandhuwuring meja dhahar kita wayah awan. Sauger kita seger badan saka vitamin C kang kandut sajroning woh-wohan iki.
Uga saperlu ngumbah rah kita saka oli kang ora nglemesake awak nanging njalari sirah nyut-nyutan kabunton selange.
Nanas bisa ditata sakndhuwure meja winadhahi piring amba. Aja tampah, kamban, mengko mundhak katon sithik. Irisan nanas sing mung siji ben ketok akeh bisa cilik-cilik. Kaya dienggo isi es campur. Utawa dicacah lembut, apa maneh diparut. Njur makglegek, ora butuh piring nanging gelas utawa cingkir.
Wis bisa minangka apa wae. Pokoke nanas iku apik paedahe kanggo awak dhewe.
"Pak, Pak, esuk-esuk kok ngalamun nanas. Mengko awan wae, yen srengenge lagi umob," tembunge bojone karo ngathungake parut.
Makgragap. "Arep marut apa Bu?"
"Rujak sredek."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar