Sinopsis
Lombok larang karo murah ora ana ubungane karo pedhes orane. Kala-kala Lombok sing larang pedhes. Semono uga Lombok sing murah. Beda maneh yen sing pedhes atine, amerga yen rinasa larang ateges ora duwe dhuwit.
Tuku tempe goreng ing beda-beda papan, ana sing menehi lomboke akeh, ana sing menehi lomboke sithik. Kamangka regane Lombok uga padha ing wayah sing padha. Iki prekara liya maneh. Yaiku prekara medhit orane bakule. Ana sing lombok sakkresek didekek meja, ben sing tuku tempe goreng njupuk sakepenake. Ana sing diijir tempe sing dituku lima, ya mung diwenehi Lombok lima.
Seneng duwe tanduran lombok dhewe. Mung siji wis bisa nyukupi butuhan nyambel. Sing paling nyes nglethus lombok sing isih enom. Ora pedhes. Dipamah minangka sayur. Kruwes kruwes. Ing lambe ora pedhes. Ing weteng aman. Sing baku bisa ngewangi ngising gancar. Ora gegelen kakehan mangan daging kurban terterane tangga.
Saka mupangate lombok, senajan pedhes tetep ngangeni. Mula ana paribasan kapok lombok. Masiya kepedhesen mangan lombok, sesuk dibaleni maneh. Malah yen ora nglethus lombok kaya ana sing kurang.
Dadi yen lombok ing latar omah dadi kriting, tetep wae disikat. Kriting-kriting tetep lombok. Tinimbang mangan tempe goreng karo ote-ote ora nganggo lombok. Lali jalarane lombok dadi kriting merga apa. Ketoke merga ing latar omah tanduran lombok royokan mangan karo suket lan thethukulan liyane sing ora ditandur thukul dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar