Sekar glibakan ing ndhuwur ranjam. Mripate kelop-kelop. Pikirane ngulandara. Senadyan mung nyawang layare hape, katon ngegla yen tunangane lagi kerja ing kantor sing akeh kancane.
Banget panarimane wis ditelepun vidheo. Dadi ora bakal suwe rasa kang ora karu-karuwan sing nggandholi dhadhane.
Karepe ngono, bar sinambung iku dheweke bisa turu angler. Nanging dadine Sekar malah ora bisa turu.
Sing dadi playone saka kahanan iki, dheweke dolanan sulaman kembang jambon ing dhadhane dhaster kaos singlet putih terusane.
"Aku tenan ora kepengin kahanan gumantung iki klakon kanthi suwe. Senadyan bisa sakwayah-wayah WA, telepun, vidheonan... tetep ora bisa makili urip bebarengan....
"Apa wae bisa kedaden. Ketoke wayah vidheonan dheweke ora cedhak karo sapa-sapa....
"Nanging..., bisa wae bar hapene ditutup, banjur....
"Apa aku kudu nyusul dheweke?
"Ah, ora. Kahanane sing bar dicritakna iku wis gamblang.
"Prekarane pancen peteng."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar