Senin, 03 September 2018

DOLOPO–PURWANTORO AKU LAN MURIDKU

Ing sawijining pasamuwan jatupalakrama, kabeh katon meh sawerna. Saka karpete tekan geber samburine para bidhuan lan awak band musik. Para tamu kang maneka yuswa langsung bisa tinengeri minangka para guru lan muride, utawa para murid lan gurune. Antaraning guru lan murid bisa dadi ubunganne mung ing wektu kang wis lumaku lan ora kabacutake ing wayah saiki. Bisa uga ubungan guru-murid isih mbacut. Yen wis ora mbacut, saora-orane isih ana pepeling. Mula yen padha ketemu ing adicara kaya ngono iku, antara guru lan murid utawa tilas guru lan tilas murid mesti gampang thuk gathuk. Lan sing kawetu ing pangucap prekara guru lan murid iku yaiku ukara, "Ora ana tilas guru lan tilas murid. Sanajan saiki aku wis dadi kancane guruku." Sabanjure crita-crita kang wis kedaden ing jaman sekolah dening murid bisa pating pethungul muncul mumbul. Ing crita jaman semana iku mesti ora keri crita kepriye budi apike bapak/ibu guru kang kanthi tresna nggulawentah bocah-bocah sing sing dina mburimu wis pada dadi uwong. Guru pancen tegese sing digugu lan ditiru. Sasantine "Ing ngarsa sung tuladha, Ing madya mangun karsa, Tut wuri handayani." Ing dina mburi murid kang dadi guru bisa ngrasakake jatine sasanti iki.

Tidak ada komentar: