Teknik WASASIH WEWEH Paugeran Nulis Geguritan kanggo Bocah SD



Teknik  WASASIH WEWEH: Paugeran Nulis Geguritan kanggo Bocah SD 
Penulis: Budi Wasasih
ISBN: 

Editor: Dr. Sariban, M.Pd., Yonathan Rahardjo
Ilustrasi-desain-tata letak: Studio Syairupa

Penerbit: Majas (Kelompok Penerbit Majas)
Jl. KS Tubun Gang Iro 5 Kadipaten Bojonegoro 62111
Telp./SMS/WA: +6281332258669 
Email: penerbitmajas@gmail.com 
Homepage: http://www.penerbitmajas.com

Distributor: PBG Tuban Jawa Timur
Link/akses ketersediaan buku: https://www.penerbitmajas.com/2022/12/teknik-wasasih-weweh.html
Cetakan Pertama, Februari 2023
Ukuran: 14x20 cm 
Tebal: 70 hlm

Hak cipta dilindungi undang-undang
Dilarang memperbanyak karya tulis ini dalam bentuk dan cara apa pun tanpa izin tertulis dari penerbit

ATUR SAPALA

Sajroning ndonya pamulangan asring diprangguli sakehing teknik utawa cara kanggo ngulang siswa. Teknik-teknik mau diajab bisa nggampangake siswa anggone sinau. Ana teknik asil guru liya uga ana teknik asil karya gurune dhewe. Karya-karya mau mujudake kanugrahaning Gusti marang titahe.
Sawijining teknik pancen kudu dibyarawakake. Apa maneh teknik kuwi wis kabukti kanthi empiris kasil nggampangake proses pasinaon.  Buku  kang  lagi  panjenengan  waos  iki  yaiku  buku  kang mbabar babagan teknik nulis geguritan kanggo bocah SD. 
Dening panulis teknik iki dijenengi Teknik Wasasih Weweh. Teknik iki panulis cipta murih para siswa bisa gampang nulis geguritan. Banjur bisa dadi buku, contone buku kang momot gurit-gurit bab kearifan lokal lan lelakon panguripan bocah sabendinane. 
Apa lan kepriye, ta, Teknik Wasasih Weweh? Sumangga panjenengan maos buku iki kanthi tatas titis. Muga-muga Gusti Allah paring berkah pangupaya iki. Muga-muga buku iki bisaa miguna melu ngrembakake basa lan sastra Jawi. Amin.
Sugeng maos. 

 

Tidak ada komentar: