LAKU: Novel Multidimensi Basa jawa


LAKU: Novel Multidimensi Basa Jawa

Dening: Yonathan Rahardjo

ISBN: 978-623-6903-38-4

Ilustrasi-desain-tata letak: Studio Syairupa

Penerbit: Majas (Kelompok Penerbit Majas)

Jl. KS Tubun Gang Iro 5 Kadipaten Bojonegoro 62111

Telp./SMS/WA: +6282264661149

Email: penerbitmajas@gmail.com

Homepage: www.penerbitmajas.com

Cetakan Pertama, Maret 2022

Ukuran: 13x19 cm

Tebal: 228 hlm

Sawijining pakeliran wayang thengul geger ana thengul sing klebon barang alus. Kabeh penonton lan nayaga buyar, mung ki dhalang sing isih ngadhepi. Kanthi donga japa mantra kang manther lan tumemen, si thengul kesurupan kleper-kleper lan meneng. Nanging aja pisan-pisan ngandhegna donga iku ….

Sajroning donga iku akeh prastawa kang dialami para paraga kalebu Pah Poh lan Raden Anoman, lan paraga-paraga liyane ing papan maneka warna.

Kepriye lelakon kang dialami para paraga ing papan-papan aeng iku? Keneng apa Pah Poh lan Sang Begawan sakwise lumebu ing ali-aline Raden Anoman ora kocap kacarita nganti pungkasan sanajan akeh lelakon lan prastawa kang kacarita?

Iki dadi perkara nyalawadi sajroning para manungsa nglakoni darma.

 

               

 


Tidak ada komentar: