Pelatihan | PELATIHAN CALON TUTOR NULIS CERKAK BARENG DJAJUS PETE


 https://emisudarwati.blogspot.com/2020/11/pelatihan-calon-tutor-nulis-cerkak.html

Senin, 23 November 2020

PELATIHAN CALON TUTOR NULIS CERKAK BARENG DJAJUS PETE

PELATIHAN CALON TUTOR NULIS CERKAK BARENG DJAJUS PETE
Dening: Emi Sudarwati


Manggon ing Warung K-Noman Bojonegoro.  Dina Minggu, 22 Nopember 2020.  Sanggar Sumilak Balen makarya bebarengan Dinas Pendidikan Kabupaten Bojonegoro.  Didhukung dening TBM Kinanthi Baureno, Penerbit Majas, Yayasan 3 Srikandhi Sejati (Y3SS), lan KBM Bojonegoro.  Nganakake pelatihan Calon Tutor Nulis Cerkak.   Minangka narasumber ing kegiatan kasebut yaiku Djajus Pete.  Penulis Cerkak kondhang asli Bojonegoro kang wis misuwur nganti tekan mancanegara.
Sawulan kapungkur.  Sawise adicara Lomba Maca Geguritan.  Panitia langsung sowan ing daleme Djajus Pete ana Purwosari, Bojonegoro.  Saperlu nyuwun kasagahane dadi narasumber ing adicara Pelatihan Nulis Cerkak.  Sepisanan, panggonan direncanakake ing Sanggar Sumilak Balen.  Kang mapan ing Desa Ngadiluhur.  Yaiku daleme Lestari lan Suprayitno.  Panggonan kasebut uga minangka sekretariat Yayasan 3 Srikandhi Sejati (Y3SS).
Nanging Djajus Pete kurang sarujuk, amarga panggonane adoh banget saka daleme ing Purwosari.  Nyuwune pelatihan bisa mapan ing kutha Bojonegoro.  Dadi panjenengane isa numpak bis saka Purwosari tumuju Terminal Bojonegoro.  Banjur dipapag salah sijining panitia.  Sawise dianakake rembugan, Ajun Pujang Anom ngusulake ing Warung K-Noman.  Amarga panggonane wiyar lan rega panganane uga ora larang.  Wisana kabeh panitia sarujuk.
Seminggu sawise adicara Lomba Maca Geguritan.  Panitia nganakake pelaporan marang kepala dinas pendidikan Kabupaten Bojonegoro.  Sawise iku, langsung ndeleng lokasi kang arep dinggo pelatihan nulis cerkak.  Yaiku ing Warung K-Noman Bojonegoro.  Warung kasebut mapan ing sacedhake stadion Kutha Bojonegoro.   Saliyane ndeleng panggonane, panitia uga nyoba tuku panganan kang didol ing warung kuwi.  Pranyata pancen panggonane penak banget kanggo nganakake pelatihan.  Pangane uga kagolong murah.
Mula dina iku diputusake yen pelatihane manggon ing warung kasebut.  Panitia uga usaha golek sponsor kang kersa ndhung adicara kasebut.  Ing antarane ngirim proposal ing Balai Bahasa Jawa Timur.  Nanging nganti nyedhaki wektu kang ditetepake, isih durung ana kang maringi sponsor.  Mula kepeksa kanggo prabeya dijupukake saka kas Y3SS kang gunggunge ora sepira kuwi.  Sanajan mangkono, kanthi tekad kang kuwat mula adicara tetep kaleksanan tanpa pambengan.
Minggu, 22 Nopember 2020.  Kepeneran dina iku Djajus Pete uga ngenalake buku kumpulan cerkak anyar kanthi irah-irahan Manuk-Manuk Mabur.  Buku kuwi bisa dadi conto kanggo peserta, supaya nggampilake anggone sinau nulis cerkak.  
Jam wolu esuk panitia wis padha rawuh ing warung K-Noman Bojonegoro.  Sanajan warung kuwi isih durung bukak.  Karyawan ya lagi siji sing teka.  Mula panitia padha kerja bhakti ngresiki panggonan sing arep digunakake kanggo pelatihan nulis cerkak.  Ana kang nyapu, ngelapi meja kursi, lan ana sing iwut masang banner.
 
Jam setengah sanga, Pak Djajus Pete rawuh. Peserta sing wis ngumpul yaiku Emi sudarwati, Hanas Caturiyansyah, Muhammad Alim, Slamet Widodo, Yonathan Rahardjo, Elisabeth Vita, Hanung, Suheri, Lila, Denok, Suprayitno, Siti mahmudah, Ajun Pujang Anom lan  Hastuti.
Total peserta lan narasumber amung winates 15 wong.  Amarga isih mangsa pandemi.  Ora pareng ngumpulake wong akeh-akeh.  Iki kaaturake dening panitia nalika ngajokake proposal ing Dinas Pendidikan Kabupaten Bojonegoro.  Mula tanpa pepalang, adicara kuwi diidini dening kepala dinase, yaiku Dandi Suprayitno, AP, M.Si.  Panjengane rumangsa mongkog banget.  Krana isih ana guru kang gelem nganakake adicara nguri-uri budaya Jawa tanpa nyuwun prabeya marang instansine.
Adicara iki pancen gratis kanggo peserta.  Dene kanggo transport narasumber lan mundhut dhaharan uga omben ing Warung K-Noman kasebut dijupukake saka kas Y3SS.  Kepeneran ana sisa dhuwit saka adicara lomba maca geguritan kang dianakake sewulan sadurunge adicara nulis cerkak kuwi.
Nalika jam sanga luwih sepuluh menit, adicara kawiwitan.  Kabuka dening Emi Sudarwati minangka Pranata adicara.  Banjur sambutan, dening Lestari minangka ketua panitia.  Panjenengane uga kalebu ketua Sanggar Sumilak Balen Bojonegoro.  Ing sambutane, Lestari ngendikan.  “Tujuan dianakake adicara kasebut yaiku kanggo nyithak tutor kang ahli babagan nulis cerkak.  Mengkone, ilmu saka narasumber dina iku bakal ditularake kanggo guru-guru liyane.  Uga kanggo siswa lan masyarakat umum.”
Katerusake materi dening narasumber.  Yaiku Djajus Pete.  Panjenengane nyritakake proses kreatip nulis cerkak.  Uga kepriye carane nulis cerkak sing bener lan pener.  Amarga sing diadhepi iki calon tutor, mula ilmune ya kudu luwih dhuwur.  Wiwit Saka tekaning idhe kang muncul lan apa-apa kang mbangun supaya bisa dadi cerkak sing apik.  Dudu cerkak kang kaya umume.  Pokoke narasumber maringi teknik lan rahasiane, supaya peserta bisa nulis cerkak kanthi gampang.  Ora macet ing satengahing dalan.  
Ngendikane Djajus Pete, “sadurunge nulis cerkak, alur, tokoh, konflik lan liya-liyane kudu wis dipikirake kanthi tuntas.  Kaya dene arsitek bangunan kang arep gawe bangunan.  Mula gambare kudu wis bener-bener jelas.  Kanthi mangkono, panulis ora bakal ngalami kaanan kang macet.  Kaya kang asring dialami dening penulis-penulis sasuwene iki.”
Panjenengane uga ngaku yen ora nate ngalami macet anggone nyerat cerkak.  Sanajan idhene wis teka puluhan taun kapungkur.  Amarga gambaran lakon kan arep ditulis wis jelas ing pikirane.  Dadine kapan wae olehe nulis ya kari nulis wae.  Ora bakalan ngalami macet ing tengah dalan.
Pelatihan lumaku kanthi regeng. Akeh banget peserta kang padha nyuwun miterang ngenani carane nulis cerkak sing apik.  Ana uga kang nyuwun miterang, apa bedane antarane cerkak karo buku harian?  Apa bisa buku harian didadekake cerkak?  Ngendikane Pak djajus Pete, “buku harian isa wae dadi cerkak.  Kari pinter-pintere pengarang olehe nambahi imajinasi.”
Dening ing pungkasaning pelatihan, kabeh peserta diparingi tugas nulis cerkak kanthi tema bebas.  Cerkak iku mengkone kaangkah diterbitake bareng karo narasumber.  Dening Prabeya kanggo penerbitan buku bakal digolekake saka sponsor.  Nanging yen ora oleh sponsor, mula kanggo Prabeya nerbitake buku mau bakal ditanggung bebarengan kanthi cara patungan.

Tidak ada komentar: