Buku | Udan Kapang

Ana udan tangis sajroning gawe Asian Games 2018. Udan tangise ana sapirang-pirang, ora ketung. Udan tangise Indonesia sing adus medhali 98 kalebu emas 31. Udan tangise sing ngece yen Indonesia kethengilen arep entuk emas akeh.
Udan tangise atlit sing nyabet medhali entuk bebana dhuwit milyatan, omah lan dadi pegawe negri. Udan tangise panyengkuyung Asian Games sukses. Udan tangise wong sing ora seneng Asian Games sukses. Udan berkate udan mangsa ketiga wayah nedhengi penutupan Asian Games. Udan tangise kawula Lombok sing durung rampung sara urip padinane katerak lindhu. Saka sakabehing udan mau, sing udan banyu yaiku udan tangis lan udan tenanan pas sadurunge upacara penutupan. Sing udan luwih tenanan ya sing mburi, udan banyu saka langit kuwi. Apa sing liyane dudu udan sing tenanan? Ya tenanan. Malah saiki kalebu udan liyane maneh: udan guyu seneng kita, udan guyu ngece kita, lan udan-udan liyane sing kabeh bisa ana ing padinan kita, wong jenenge urip ya ana sakehing kembang ngaurip. Saka sakehing kahanan iku mesti ana donga apik, ndedonga kanthi tenanan marang Sang Hyang Dumadi supaya apa wae kang apik bisa kaleksanan kasembadan nir ing sambikala. Contone ya iki: Udan kapang kita mbaleni kadigdayan Indonesia ing Asian Games ing Cina tahun 2022. Kapang-kapang tenan mangerteni pencak silat ora oncat saka dhaptar cabor sing ditandhingna. Jalaran krungu warta mengko amung cabor olimpik sing dilaga ing kana. Ya iku mung saderma conto. Conto liyane akeh ing isining buku iki.

Tidak ada komentar: