Buku | Angen-Angen


Kumpulan Cerita Cekak iki maremake ing pangrasa lan pambudi. Guru pancen ateges digugu lan ditiru. Upaya guru nggladhi para siswa kanthi mempeng lan telaten bakal tinemu. Kabeh pancen mbutuhake wektu lan donga.
Yen wis dadi, bisa dadi gancaring sumber panguripan kanggo sakabehe kawulaning Gusti Murbeng Dumadi. Asah-Asih-Asuh ora mung saderma angen-angen, nanging wis katumindakake kanthi ngegla lan trawaca. Sanadyan mangkono ora ana alane para kita sapadha-padha nduweni angen-angen. Angen-angen iki kang menehi kita pepadhang kanggo dina mburi kang luwih apik lan becik. Utamane kanggo para siswa sing ing dina mburi mengko bakal nerusake sakehing pambudidaya kanggo ngisi kamardikaning bangsa lan negara kang kita tresnani: Indhonesia.